Pengeling Sing Kudu di Eling Sesanti “Cilacap Bercahaya”

cilacap info featured
cilacap info featured

Sedulur Cilacap Bercahaya

Sering inyong karo rika pada nyebut kata sing sebenere sederhana tapi artine luar biasa. Kata sing sering diucapna nang endi papan lan dadi slogan uga dadi kebanggan nang warga masyarakat Cilacap awit mbiyen tekan siki.

Kata kiye selalu beriringan pengucapane lan wes dadi visi utawa sesanti Kabupaten Cilacap. Kata kuwe ya sing arane “Cilacap Bercahaya”.

Tapi sing gawe trenyuh lan kadang kepikiran, kata utawa slogan sing maen lan penuh makna siki akeh bocah-bocah ora paham. Sing dipahami ya kur nek Cilacap kuwe Bercahaya sing artine Cilacap Kotane akeh lampune, padang njembrang utawa sing lewih keren jerene Cilacap “The Light Of Java”.

Padahal kata “Cilacap Bercahaya” kuwe ya dadi slogan dadi visi, sing kanggo pengeling inyong rika pada bahwa Kabupaten Cilacap duwe tujuan mulia kanggo masyarakate.

Pengeling ding kudu di eling babakan Sesanti “Cilacap Bercahaya”, kiye setitik gawe pengeling kanggo inyong rika pada lan generasi siki sing ora paham apa urung ngerti apa kuwe makna utawa makna sing terkandung nang kata “Cilacap Bercahaya”.

Jaman gemiyen taun 1986 pas Pak Bupatine Bapak Sumardi HS, Kabupaten Cilacap gawe visi utawa sesanti sing arane “Cilacap Bercahaya”. Tujuane ya kuwe gawe motivasi masyarakat men pada melu mbangun melu ngangkat citra Kabupaten Cilacap, lan melu nguri-nguri budaya sing dadi ciri khas wong Cilacap.

“Bercahaya” kuwe singkatan kan pitung kata dasar, ya kuwe “BERSIH, ELOK, RAPI, CERIA, HIJAU, AMAN lan JAYA”.

Dadi kan kata dasar kuwe duwe cakupan makna sing bisa diartikna kepengin Kabupaten Cilacap dadi Kabupaten sing lingkungane “Bersih”, sing Elok pemandangane, sing Rapih tatanan kehidupane, sing Ceria warga masyarakate, sing Hijau tata ruang lingkungane, Sing Aman kondisine, lan Sing Jaya warga masyarakate.

Nek cara praktise ya njaluk Cilacap dadi Kabupaten sing bisa resik lingkungan kan sampah lan resik birokrasine kan korupsi, lan masyarakate makmur urip ayem tentrem menikmati urip sing “Gemah Ripah Loh Jinawi Toto Tentrem Karto Rahardjo”.

Dadi sing aran “Cilacap Bercahaya” kuwe ora mung dadi pengucap, tapi ngerti singkatan lan filosofi sing ana nang njerone.

Wes dadi tanggung jawabe inyong rika pada “eling” lan ngelingna aring generasi siki apa sebenere tujuan urip sing pengin dicapai nang masyarakat Kabupaten Cilacap.

Cilacap, tanggal 10 September 2019

Salam

Kang CiBer

Cilacap Info
IKUTI BERITA LAINNYA DIGOOGLE NEWS

Berita Terkait